[Cerkak] Dhik Aisyah arêp Omah-omah

“Apa panjangkamu karo Bambang iki ora bisa diundur dhisik? Kowé lan Bambang iki rak durung suwé sing lulus kuliyah. Durung suwé sing mulai nyambut gawé. Apa ora kêpéngin mbangun karier sing mapan? Utawa golèk béasiswa lanjut S-2. Kowé sakloron iki isih padha-padha ênom,” ngêndikané Bapak nalika adhiku, Aisyah crita bab panjangkané dhéwéke lan pacaré, Bambang kanggo omah-omah.
“Kula kaliyan Bambang sampun mantêp, Pak. Anggènipun pacaran nggih sampun dangu. Sampun kênal kalih tiyang sêpuhipun. Langkung saé mênawi niyat ingkang bêcik mbotên sah diundur-undur,” wangsulané Aisyah.
“Iya. Pancèn bener. Nanging wong omah-omah ki dudu pêrkara gampang lho. Kudu siyap sakapa-apané. Ya mentalé, ya atiné, lan sing ora kêna lali pêrkara matèri,” ngêndikané Bapak.
“Lan aja lali, Ndhuk. Jan-jané ora ilok yèn kowé omah-omah dhisik. Déné mbakyumu durung. Kamangka umurmu lan mbakyumu kuwi rada adoh bédané. Pantêsé mbakyumu dhisik,” ngêndikané Ibu.
Krungu ngêndikané Ibu, dumadakan Aisyah kétok nêsu. “Lho. Sêjatosipun ingkang damêl awrat pênggalihipun Bapak kaliyan Ibu niku amargi dèrèng mantêp menawi kula sampun siyap, utawi amargi kula badhé nglangkahi Mbak Anisa?”
“Jan-jané ya loro-loroné, Ndhuk,” wangsulané Bapak.
“Mênawi kula kêdah ngêntosi Mbak Nisa omah-omah, ngantos kapan niku? Taun ngajêng? Sêdasa taun malih? Ngantos kula dados prawan tuwa?” wangsulané Aisyah rada mbêngok.
Bapak nuli jumênêng. “Aisyah! Ora pantês kowé ngomong kaya ngono marang mbakyumu!”
“Pancèn lêrês ta niku, Pak? Kénging mênapa kula kêdah ngêntosi Mbak Nisa, mênawi Mbak Nisa mboten kêpéngin omah-omah ngantos prawan tuwa?”
“Cukup, Aisyah!” ngêndikané Ibu.
Aku mung ndhingkluk nuli mlayu mênyang kamar. Dhadhaku rasané sêsêk. Pancèn bênêr jan-jané sing diucapké Aisyah. Pancèn bênêr nganti umur ngancik têlung puluh aku durung omah-omah. Lan iku mêsthiné gawe susah pênggalihé wong tuwaku. Nanging kêpiyé manèh? Pêrkara jodho kuwi kuwasané Gusti Allah.
“Nisa….”
Taklap êluhku. “Mlêbêt mawon, Bu.”
Ibu nuli lênggah ana ing ambèn banjur ngêlus sirahku. “Nis…ora usah dilêbokké ati omongané adhimu. Rak wis apal ta wataké dhéwéké? Yèn duwé kêkarêpan kudu sakdêg, saknyêt. Apa-apa kudu dituruti saiki.”
“Nggih, Bu.”
“Nis…nanging sakjané Ibu lan Bapak ya samar bab kuwi. Aja nêsu ya, Nis. Apa bênêr yèn kowé pancèn ora duwe kêkarêpan omah-omah?”
Aku mênêng sêdhêla. Mikir supaya bisa mènèhi wangsulan kang ora gawé kuciwaning Ibu. “Mbotên wontên tiyang ingkang gadhah gêgayuhan nglampahi gêsang piyambakan, Bu. Niku naming pêrkawis wêkdal ingkang pas.”
“Iya, Nis. Pancèn bênêr. Nanging kok nganti sêpréné kowé ora tau kétok cêdhak karo wong lanang manèh. Kanca cêdhak sing linambaran katrêsnan.”
“Mênapa wontên priya ingkang kêrsa mundhut kula dados garwa, Bu?” wangsulanku karo mbrêbês mili.
Ibu nuli ndhêkêp awakku lan melu-melu mbrêbês mili. “Nisa…ora kêna ngomong kaya ngono kuwi. Kuwi jênêngé ndhisiki kêrsaning Gusti Allah. Ora bakal mênungsa diparingi susah terus déning Gusti Allah. Ana mangsané diparingi kabêgjan. Kuwi kabéh sêjatiné pacoban. Pancèné kowé tau ngrasakké kuciwa amarga trêsna. Nanging ora atêgês yèn ora éntuk manèh ngrasakké katrêsnan.”
“Mênapa Bapak kaliyan Ibu badhé madoské kula calon garwa malih?” pitakonku.
“Ora, Nis. Saiki Bapak lan Ibu wis ikhlas karo apa waé sing dadi karêpmu. Durung ilang rasa gêtuné Bapak lan Ibu amarga gawé kuciwaning atimu sanadyan kêdadéan kuwi wis limang taun kêpungkur. Yèn mbésuk bakalè kowé omah-omah, panjaluké Bapak lan Ibu, muga-muga karo priya sing padha-padha trêsnané. Tanpa rasa kêpêksa.”
“Nggih, Bu.”
Pancèné kêdadéan jêjodhohanku karo Mas Panji sing wurung iku durung bisa taklalèkké. Mas Panji iku putrané Pak Suradi, rencangé Bapak sing padha-padha ngasta ing sekolah. Bapak guru Matematika, déné Pak Suradi guru Fisika. Kanthi linambaran gêgayuhan kanggo ngrakêtaké pasêduluran, aku lan Mas Panji arêp didhaupaké.
Sêjatiné aku duwèni rasa asih marang Mas Panji. Nanging jêbul Mas Panji ora mbalês trêsnaku. Dhéwéké mung wêdi marang wong tuwané. Pungkasané wong tuwané rawuh anèng omah kanggo mbalèkké têmbung, ora bisa mbacutké jêjodhohan iki. Mas Panji wis duwé pilihan dhéwé lan ngancêm arêp lunga sêka omah yèn têtêp dipêksa supaya urip bêbrayan karo aku. Amarga éman karo anak untang-antingé kuwi, wong tuwané milih kêwirangan. Lan ora pêrlu manèh ditakokké kaya apa kuciwaning atiku….
Aku banjur mêtu sêka kamar. Nggolèki Dhik Aisyah. Jêbul dhéwéké lungguh ana ing téras. Takparani, banjur aku lungguh njèjèri.
“Tênan kowé wis wani rabi?” pitakonku.
“Tênan,” wangsulané Aisyah.
“Wis siyap nèk sabên dina kudu nyêpakké pangan, ngumbahké klambi, nyêtrikakké klambiné Bambang?”
“Siyap.”
“Mosok? Lha wong sêpréné waé isih kêrêp numpuk klambi rêgêd anêng èmbèr nganti jugrug. Tibaké sing ngumbah ya aku utawa Ibu.”
“Ya mbésuk nèk kêpêksa ya suwé-suwé isa.”
“Wis siyap nèk kowè lagi kêsêl banjur Bambang ngajak….”
Aisyah mliriki aku. “Ngajak napa, Mbak?”
“Ngajak…nananina! Hahahahaha.”
“Ih…Mbak Nisa saru!” celathuné Aisyah banjur njiwit lêngênku.
“Sing mêsthi, yèn wis omah-omah kuwi bakalé bèda karo nalika isih lêgan. Kudu padha-padha jujur, ora ana sing didhêlikké sêka bojomu. Bakal akéh pacoban sing kudu dilakoni wong loro. Yèn ana padudon kudu ana sing gêlêm ngalah. Dadi ora ana critané anggêr ana masalah kok nêsu banjur bali mênyang omahé bapak ibuné. Mêsthi kowé maido, wong aku durung tau omah-omah kok isa-isané nuturi. Aku mung mbalèni ngêndikané Ibu nalika mbiyèn aku arêp didhaupké karo Mas Panji. Sanadyan wurung, nanging pitutur sêka Ibu kuwi takéling-éling terus. Bisa kanggo sangu urip.”
“Kok critané mêdèni kabèh ta, Mbak?”
“Lha, rumangsamu gampang piyé urip bêbojoan? Bapak lan Ibu sing disawang adhêm ayêm waé sêjatiné ya duwèni masalah. Mung kowé sing ora pati nggatèkké.”
Aisyah nyawang aku. Mripaté kêmbèng- kêmbèng. “Dadi, wusanané Mbak Nisa ngéntukké aku rabi karo Bambang ora?”
“Ya têrgantung kowé mènèhi pêlangkah apa.”
“Aja sing larang-larang lho, Mbak!”
“Ya…tas Hermes cukup.”
“Jahat nèk kaya ngono kuwi!” celathuné banjur nangis.
Aku ngguyu kêmêkêlên wêruh adhiku sing nangis karo mêcucu. “Aku mung gojégan lho. Kok ya mbok anggêp tênanan. Oalah, jaré arêp rabi kok isih gêmbèng,” pangucapku banjur ndhêkêp adhiku sing taktrêsnani kuwi.
***
Tabuh 9 esuk. Wis wanciné pak naib lan rombongan mantèn kakung rawuh. Sêka latar sing wis dipasangi tratag dadi papan pawiwahan, aku bali mênyang kamar kanggo mêsthèkaké yèn Aisyah wis rampung anggoné dipacaki lan salin busana. Ing adicara iki aku ngayahi jêjibahan dadi koordinator acara. Aku kudu tansah ngawasi kahanan supaya adicara mlaku kaya ing rêrantaman.
“Piyé? Wis rampung kabèh? Kae mantèn kakung sakrombongan wis siyap,”
“Sampun, Mbak,” wangsulané Bu Darmini, pêrias mantèn.
Aisyah ngadêg nuli ndêlêng ayang-ayangé ing kaca. “Sik…sik…. Cundhuk mêntulé sing iki rada miring,” pangucapku sinambi mbênêrké cundhuk mêntul ing gêlungané adhiku. “Sik…wiruné kurang mêgar.” Aku banjur mbênêri jariké.
“Mbak….”
“Ana apa?”
“Aku ayu ta?”
“Ya mêsthi ayu ta. Ora ana sing kurang. Wêdhaké pas wêrnané, lipêné abang mbranang kétok sêgêr, sasakané, paésé, kêbayaké, jariké kabèh apik. Mêsthi Bambang pangling. Jêbul ora klèru anggoné milih bojo.”
Krungu aku ngalêm, Aisyah ora ngguyu. Malah mripaté kêmbêng-kêmbêng. “Mbak Nisa ikhlas ta?”
“Ya mêsthi ikhlas. Mêsthi sênêng.”
Aisyah nangis banjur ndhêkêp awakku. “Nyuwun pangèstuné ya, Mbak.”
“Iya, Dhik. Muga-muga tansah pinaringan kabêgjan, bêrkah, kabèh kabêcikàn anggonmu nglakoni urip bêbrayan. Wis, aja nangis. Mêngko wêdhaké luntur lho. Jan-jané sing kurang ki mung siji. Kurang mèsêm.”
Aku banjur nuntun Aisyah mênyang papan ijab. Nganti saiki aku durung pêrcaya yèn adhiku sing mbiyèn takgèndhong sinambi dolanan karo kanca-kancaku kuwi wis arêp dadi bojoné wong. Sakdurungé têkan méja sing kanggo ijab, Aisyah mbisiki aku, “Muga-muga Mbak Anisa énggal kêtêmu jodhoné lan isa ngrasakké kabêgjan kaya sing takrasakké.” Aku mung isa mèsêm karo ndonga ing batin. Aamiin.

Ngayogjakarta, 10 Desember 2017

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PSA (Perawatan Saluran Akar) (Bagian 3): Cetak Gigi dan Pasang Onlay

Cerita Gigi Bungsu Si Anak Bungsu (Bagian 2): Sakitnya Dikit, Malunya yang Nggak Ketulungan

Benjolan di Payudara (Bagian 3): Opname dan Eksisi FAM (Fibroadenoma Mammae)